Analisis Cerita Novel Jawa : Eluh Katur Simak
Asiling
Analisis Pethikan Novel
Anggitane
:
Analisis :
I. Tema : Bekti marang wong tuwa
Bukti : Yen dipikir, kabeh mau mung amarga pambudi daya sarta pandonga.
Nanging apa bener yen kabeh kang kasil dak ranggeh iku mung merga pambudi daya
lan pandonga thok? Ora! Mesti kudu ana faktor X kang ndayani uripku dadi kaya
saiki. Faktor X iki dak goleki tekan endi-endi jebul ketemune ora adoh.
Jawabane pranyata amarga katresnan lan pangestune wong tuwa.
II.
Penokohan
a.
Paraga : Pardi, Emak, Giyanto
b.
Watak :
Pardi :Ø Sabar
Bukti : Pitakonkuiku pancen ora penting,
upama ora disauri oga ora papa. Aku wis kebacut kulina budhal sekolah tanpa
sarapan.
Ø Manut marang wong tuwa
Bukti : Jawabane pranyata amarga katresnan
lan pangestune wong tuwa
Emak :Ø Eman
Bukti : Simak ora semaur, alon alon, rambutku diarasi,
dielus-elus.
Ø Giyanto : Optimis
Bukti : Ra sah dipikir! Yen kowe kinodrat
dadi wong sukses, sarapan jambu, sarapan tela apa ra sarapan babar pisan, ya
tetep sukses!
III.
Alur : Alur maju
Bukti : Waktune lumaku terus, seprene wis
ngentekake patang puluh kalenderluwih.
IV.
Latar/ Setting
Papan :
Ø Omaeh Pardi
Bukti : Esuk kuwe aku tangi jam 5.30, bar
nimba oleh sepuluh ember, akua adus.
Ø Apotik sumbing
Bukti : Aku sakloron mlaku alon-alon,
nganti tekan sangarepe apotik Sumbing, aku kaget jebul ana sing keri.
Wektu :
Esukjam 5.30
Bukti : Esuk
kuwe aku tangi jam 5.30, bar nimba oleh sepuluh ember, akua adus.
Apotik sumbing.
Suasana:
Ø Nelangsa
Bukti :
Tas sekolahku dakbuang, simak dak tubruk, dak ruket kenceng. Mripatku panas
kembeng- kembeng, lambeku nggembor.
Ø Gugup
Bukti : Mangkata, mengko kowe telat
V.
Sudut pandang : Orang prtama pelaku utama
Bukti : aku budhal, ora lali nutup lawang.
VI.
Konflik : keadaan ekonomi
Bukti : Makmu.... makmu njaluk ngapura ya
le, Di, Pardi..... Makmu wis kalah, wis ora bisa polah apa-apa..... Makmu wis
ora bisa ngrumati anak, menehi sarapan wae ora bisa.,,,,
VII.
Gaya Basa : Mudah dipahami
Bukti
: Mendhung kandel isih nggandhul ing
langit Nopember. Mau bengi udan nggrejeh, gawe atise hawa esuk iki. Ing ing
kana kene isih katon banyu ngecembong, prasasat ora ana maneh lemah garing.
VIII.
Amanat :
1. Dadia wong kang optimis aja gampang
putus asa
2. Dadia bocah kang manut lan aja
kakeen nuntut marang wong tuwa
3. Kita kudu bisa ngehargai jasa lan
perjuangane wong tuwa kang wis ngurmati kita
IX.
Nilai : Nilai Spirit
Bukti : Yen kowe kinodrat dadi wong
sukses, sarapan jambu, sarapan tela apa ra sarapan babar pisan, ya tetep
sukses.
X.
Sinopsis :
Mendhung kandel isih nggandhul ing
langit Nopember. Mau bengi udan nggrejeh, gawe atise hawa esuk iki. Ing ing
kana kene isih katon banyu ngecembong, prasasat ora ana maneh lemah garing.
Esuk iku aku tangi jam 5.30, bar
nimba oleh sepuluh ember, aku adus. Sabanjure ganti klambi, clana klawu heme
putih aku jungkatan, semune rada kesus.
Sinambi jungkatan aku takon simak:
“ Apa dina iki aku wis mbayar sekolah Mak?”
Simak ora semaur mung gedheg. Aku
takon maneh: “ Apa bapak durung oleh duwit? “
Sepisan maneh simak gedheg.
Sadurungr budhal aku takon sepisan
maneh, nanging ora patia penting .
“Ana sarapan apa. Mak? “
Simak ndengengek, praupane praupan
wong pasrah.
“ora ana sarapan, Di, “ swarane
lirih banget, beja dene kupingku isih krungu.
Pitakonku iku pancen ora penting,
upama ora disauri uga ora apa-apa. Aku wis kebacut kulina budhal sekolah tanpa
sarapan.
Aku budhal, ora lali nutup lawang.
Ora pamitan?. Nalika nutup lawang dak culke alon, nanging akibate ......
JEDHEEER!!!
Aku mangkat sekolah, mlaku
alon-alon sinambi ngenteni kancaku sak klas, Giyanto.
Aku sakloron mlaku alon-alon,
nganti tekan sangarepe apotik Sumbing, aku kaget jebule ana sing keri.
Bar mbukak lawang, dalan nuju
kamarku pancen kudu liwat pawon, liwat papan simak lungguh dingklik, ngonceki
tela mau.
Simak isih tetep ana kono, nanging
dumadakan kumelap atiku! Sak kal awakku anyes, kekes, ndheredheg wel-welan.
Nangapa? Simak tumungkul mripate kembeng- kembeng elu dleweran. Sakjeg jumbleg
ya lagi kuwi aku weruh simak nangis.
“ Makmu ... makmu njaluk ngapura ya
le, Di, Pardi .... Makmu wis kalah, wis ora bisa polah apa-apa .... Makmu wis
ora bisa ngrumati anak, menehi sarapan wae wis ora bisa .... “
“ Mak ... ! “
“Kowe ulih, Di, oleh nesu marang
makmu. Nesua,nyatane makmu wis kalah..... “
Tas sekolah dak buwang, simak dak
tumbruk, dakruket kenceng. Mripatku panas kembeng-kembeng, lambeku
nggembor: “ Aku dosa Mak! Aku ora nesu!
Tenan, aku ora nesu! Lawang iku mau nutup dhewe, ora dak banting maak! Aku ...
aku njaluk ngapura maak! “ Simak ora semaur, alon-alon rambutku diarasi,
dielus-elus. Rada sauntara kahanan kaya ngono iku. Atiku angles tansaya krasa
sepira abote tanggung jawabe wong tuwa tumrap anak lan kluwarga. Abot, abot
tenan.
Nalika ngaso sepisan, aku aku
dirangkul Giyanto sawise dak critani.
“Ra sah dipikir! Yen kowe kinodrat
dadi wong sukses, sarapan jambu, sarapan tela apa ra sarapan babar pisan, ya
tetep sukses! “
2005
Wektune lumaku terus, seprene wis ngentekake
patang puluh kalender luwih. Apa aku wis dadi wong sukses? Ya mbuh, nyatane aku
saiki wis due penghasilan ajeg, duwe omah, duwe bojo, lan anak papat. Kabeh
bisa dak sekolahke, lan kasil ngrampungake sinaune ing perguruan tinggi. Matur
nuwun....
Yen dipikir, kabeh mau mung amarga
pambudi daya sarta pandonga. Nanging apa bener yen kabeh kang kasil dak ranggeh
iku mung merga pambudi daya lan pandonga thok? Ora! Mesti kudu ana faktor X
kang ndayani uripku dadi kaya saiki. Faktor X iki dak goleki tekan endi-endi
jebul ketemune ora adoh. Jawabane pranyata amarga katresnan lan pangestune wong
tuwa.